Assalamualaikum wr.wb
Coretan kali mungkin adalah sebuah bentuk kesadaran diri ini yang memang selalu dihina dan selalu terbuang :)
Yo aku sadar diri bae wong aku kue ora bise apa apa, sapa sih wong sing gelem nerima wong kaya aku, ora nduwe apa apa, ora bisa apa apa, mendina gawe masalah terus :)
Sekali sayang marang wong ya akhire cuma dipandang sebelah mata :)
Aku wis berusaha semampune aku kanggo mertahanna koe, tapi koe malah ninggalna aku pas aku lagi butuh seseorang sing bisa ngancani aku, seakan akan aku kue sampah sing dibuang, mbiyen koe ngomong nek ana masalah di adepi bareng bareng, koe janji ngancani aku pas aku seneng, susah, tapi apa buktine?? :)
Aku wis mbelani koe mati matian tp sing dibela malah percaya karo wong liya, koe minta maaf uwis tak maafna, ye aku ora pamrih cuman apa iya sing wis tak lakoni nggo koe kue percuma :)
Aku pancen sayang karo koe :)
Ora berubah :)
Tapi koe malah ninggalna aku pas keadaane aku lagi mriyang, akeh masalah, laka kancane :)
Koe luwih percaya karo wong liya :)
Koe sitik sitik langsung sewot aring aku, mbok yo jelasna maring aku apa sebabe :)
Aku wis janji men setia maring koe, aku wis nepati, tp koe malah ingkar, iye aku wis maafna, barang dimaafna koe malah ninggalna aku :)
Iye aku sadar, sapa sih aku, aku wong biasa sing ora nduwe apa apa, ora bise apa apa, pembawa masalah :)
Aku ya motore ora apik, aku wonge ya ora mewah, aku yo elek :)
Aku wis sering dihina :) tp aku ora apa apa, sing penting aku ora dendam, tapi ya rasane ora adil, wong liya bisa seneng, tapi aku? :)
Aku sadar nemen ko :)
Aku ora nduwe motor sing apik kaya kanca kancaku, aku ora nduwe duit akeh kaya kanca kancaku :) aku cuma ora pingin repoti wong tuwa kanggo kepentinganku tok :)
Mbok yo balik maning maring aku de :)
Aku kue sayang mung karo koe tok :)
Koe yo aja nyia nyiana aku :)
Aku minta maaf nek ana sing tersinggung, nek tersinggung langsunh ngomong marang aku, mengko langsung tak hapus postingan iki :)
Sekali lagi maaf :)
Wassalamualaikum wr.wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar